Selasa, 03 Februari 2015

Ngawiti insun nglalar syi’iran
          Kelawan muji maring pangeran
          Kang paring rohmat lan kenikmatan
          Rino wengine tanpa pitungan
Duh bala kanca pria wanita
Ojo mung ngaji syari’at blaka
Gur pinter dongeng ,nulis lan maca 
Tembe mburine bakal sengsara
          Akeh kang apal qur’an hadist’e
     Seneng ngafirke marang liyane
     Kafire dewe ga’ digatekke
     Yen isih kotor ati akale
Gampang kebujuk nafsu lan angkara
Ing pepaese gebyare dunya
Iri lan meri sugihe tangga
Mulo atine peteng lan nista
          Ayo sedulur jo nglaleake
          Wajibe ngaji sak peranake
          Runa kena ndalake iman tauhide
          Baguse sangu mulya matine
Kang arep sholeh bagus atine
Kerono mapan sari ngelmune
Lakon tarekat lan makrifate
Ugo hakekat manjing rasane
          Al qur’an qodim wahyu minulya
          Tanpa tinulis iso diwaca
          Iku wejangan guru waskita
          Den tancepake ing jero dada
Kumantil ati lan pikiran
Merasuke badan kaleh jeroan
Mu’jizat rosul dadi pedoman
Minangka dalan manjinge iman
          Kelawan allah kang maha suci
          Kudu rangkulan rino lan wengi
          Ditirakati diriyadho’i
          Dzikir lan suluk jo ngati lali
Uripe ayem rumangsa aman
Dununge rasa tanda yen iman
Sabar nerima najan pas-pasan
Kabeh tinakdir saking pangeran
          Kelawan kanca dulur lan tangga
          Kang podo rukun pada asiha
          Iku sunahe rosul kang mulya
          Nabi muhammad panutan kita
Ayo nyelakoni sekabehane
Allah kan ngangkat drajate
Senajan asor tata dhohire
Ananging mulya makam drajate
          Lamon palastra ing pungkasane
          Ora kesasar roh lan sukmane
          Den adang Allah suwergo manggone
          Utuh mayite uga ulese

Tidak ada komentar:

LinkWithin

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...