Rabu, 13 Agustus 2014

IKRAR SYAWALAN BAHASA JAWA



IKRAR HALAL BI HALAL
Warga dn. jetis


Bismillaahirrahmaanirrakhiim.
Kula sedaya, warga ageng masyarakat Dusun Jetis , saha sedaya ingkang lenggah, ing papan menika, kanthi eklasing manah, keparenga ngaturaken, ikrar halal bi halal.


Atur ingkang sepisan, dhumateng ngarsanipun, ingkang kaleres sepuh, saha ingkang kasepuhaken, kula ngaturaken, sungkem pangabekti. Shumateng sesami-sami, kula ngaturaken, salam ta’lim. Dhumateng ingkang kaleres enem, kula ngaturaken, sih katresnan saha donga pangestu.


Atur kaping kalih, kula ngaturaken, Sugeng Riyadi Fitri 1435 Hijriah, kairing atur, taqobbalallohu minna wa minkum, taqobbal yaa kariim, minal aidzin, wal faidzin.
Atur kaping tiga, kula ngaturaken, sedaya kalepatan kula, lampah setindak, wiraos saklimah, ingkang kasengaja, saha ingkang taksih kabatin, ingkang sedaya wau, boten pikantuk, idining sarak agami, mugi-mugi panjenengan sedaya, kersa paring pangapunten, dhumateng kula.


Kosok wangsulipun, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng kula, kula lega lila, caos pangapunten, sedaya kelepatan panjenengan, ingkang tumanduk, dhumateng kula. Mugi-mugi Gusti Alloh, ngijabahi panuwun kita. Aamiin.


Alhamdulillaahi rabbil a'lamin.


contoh ikrar syawalan bahasa jawa warga dn. jetis wedomartani ngemplak sleman. 55584



Tidak ada komentar:

LinkWithin

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...